Dayaning Sastra...


Tembung-tembung kang ginantha lelarikan.
tinata binaris kadya bata.
sinambung pinetung manut ukuran.
dene banjur kasinungan daya.
 
kumpule bata dari yayasan
aweh nggon apik, brukut, sentosa.
ngepenakake urip wong bebrayan.
semono dayane bata tinata.
 
gegedhongan tembung kang mawa isi.
katiyasane ngungkul-ungkuli.
wohing laku, pamikir, lan pangrasa.
para empu, pujangga, sarjana.
 
simpen, ginebeng ing gegubahan
mawindu-windu dadi turutan.
 
Karya: R. Intojo
'kekuatan sastra'

Tidak ada komentar:

Posting Komentar